Text
Prau Layar ing Kali Progo
Sesawangan ana ing kiwa-tengen Kali Progo sing dakdeleng cetha dudu sesawangan jaman saiki. Kahanan kali kang jembare kaya segara anakan iki dudu Kali Progo sanyatane kang dak prangguli ing saben dina. Kasunyatane Kali Progo saki jembare udakara mung rongpuluh meter. Kepara malah ana sing mung sepuluh meter. Ora bawera kaya ngene iki. Dadi cetha, aku mlebu ana alam liya. Dudu alam kasunyatan.
Apa iki Kali progo rongpuluh abad kapungkur? Rikala kiwa-tengen kali durung ana padesan. Kiwa-tengen kali isih wujud alas gung liwang-liwung. Durung ana uwong gelem manggon ana kiwa-tengen kali kene?
Aku ora ngerti. Awit sujarahe Kali Oya ing Gunungkidul. Kali Oya kalebu kali kuna. Nanging patangewu taun sakdurunge Masehi kiwa-tengen Kali Oya wis ana pedesaan. Ana ing padhukuhan Gunungbang, Karangmojo, Gunungkidul, wis tau ditemoake bukti-bukti sejarah mau. Wujude pethi mati saka watu. Arane sarcopagus. Para akadhemisi duwe panemu menawa kabudayaane wong-wong kang manggon ana ing Gunungbang jaman semana kalebu wis dhuwur. Awit wit bisa gawe pethi mati saka watu wutuh.
| 10703 | 899.222 BUD p c.2 | My Library (RAK 800) | Tersedia |
| 10704 | 899.222 BUD p c.1 | My Library (RAK 800) | Tersedia |
Tidak tersedia versi lain